Patikraja Guyub
PATIKRAJA GUYUB

Wadah Lan Srana Silaturahim Kanca/Sedulur Desa PATIKRAJA

...SUGENG RAWUH LAN SUGENG PINARAK KANCA-SEDULUR...

Selasa, 07 Agustus 2012

SILATURAHIM KAPING II


Assalamu'alaikum Wr. Wb.


Alhamdulillah gelaran "SILATURAHIM PATIKRAJA GUYUB" (Silaturahim kaping II) sing nembé wingi deanakna, yaiku dina Setu-Minggu, tanggalé 7 lan 8 Juli 2012, manggon nang Pondok Zidane kaleksanan kanti sukses.

Maturnuwun kula aturaken dhumateng Gusti Allah SWT, ingkang sampun paring pinten2 rohmat dateng inyong lan kanca/sedulur sedaya, diparingi dalan lancar, bisa rawuh silaturahim, rubungan, dopokan, guyon nang gelaran winginané kuwé. Muga gelaran kuwé mau sethithik-mendhingé ana mampangaté kanggo inyong lan kanca/sedulur sedaya, amin...

Maturnuwun kagem pak Kadés Patikraja, Nugroho Adi Wibowo lan rombongan, sing adoh2 sekang ndésa sampun kersa rawuh nyekséni gelaran ; Inyong yakin, kuwé mau ora liya jalaran rasa tresnané pak Kadés marang kanca/sedulur Patikraja Guyub sing agi urip lan pakhal nang paran.

Maturnuwun kagem kanca/sedulur, tua-nom lanang-wadon gedhé-cilik lsp, sing wis kersa rawuh.

Maturnuwun kanggo kanca/sedulur sing wis partisipasi nyumbang dana lan dongané...

Maturnuwun kanggo kanca2 pengurus sing wis gelem kemringet, urun tenaga, pikiran lan nyempetaken wektuné kanggo nyuksesaken gelaran Silaturahim, kawit mula-buka butul bubar.

Inyong makili kanca pengurus Patikraja Guyub sing duwé gawé gelaran kiyé, njaluk pangapura angger upamané nganti ora bisa gawé bungah kanca/sedulur sing adoh2 wis pada kersa rawuh.. utawa mbok menawa sambutan lan suguhan sekang pengurus kurang sreg lsp, sepisan maning njaluk pangapura..

Inyong lan kanca2 pengurus rumasa égin sinau, sinau kepriwé gawé guyub kanca/sedulur Patikraja, sinau kepriwé bisa njaga wadhah paguyuban kiyé tetep langgeng, sinau ngumpulna karepané wong akéh, sinau kepriwé ngrungokna sing pener. Inyong seneng pisan angger ana kanca/sedulur sing kersa urun-rembug kanggo langgengé "Patikraja Guyub".

"Memitran, paseduluran nganti tumekaning jejodhowan kuwé, nék siji lan sijine bisa emong kinemong, istingarah bisa sempulur becik. Angger ana'a padudon sepisan pindho kuwé wis aran lumrah, bisa nambahi raketing sesambungan. Nanging sewaliké nék padha angél ngenggoni sifat emong kinemong mau, genah bakal langka langgengé, malah bédaning panemu sethithik baé bisa mérekaken dahuru."

Sedulur... Kaki, nini lan buyut kawit gemiyén kuna wis duwé penemu lamona urip brayan karo tangga-teparo lan kanca-batir kudu padha déné goli ngajéni. Senajan gemiyén urung ana sing bisa ngarani nganggo tembung ‘etika’, ningén kaki-nini buyut wis padha nglakoni lan ngerti manfangaté wong ngurmati maring sepadha-padha. Merga jaman gemiyén urung ngreti teéori sing denggo neng jaman siki, mula mung cukup nganggo tembung ‘aja gawé gela liyan’.
Tembung presaja aja gawé gela liyan sing metu sekang prentuling ati bresih lan tulus kuwé senajan katoné gampang, ning urung kinaruwan saben wong bisa nglakoni; klebu sing wis padha sekolah dhuwur. Sebab angger kepéngin nglakoni ukarané kaki-nini buyut kuwé ora cukup nganggo teori sing detulis neng buku. Lan maningé kuwé pancén udu teori sing metu sekang alam pikir, ningén mujudaken ‘pemahaman’ perilaku sing detuntun neng rasa-pengrasa [feeling]. Anané bisa nemu ‘pengertian’ kaya kuwé merga landhepé rasa, nganti ora wani nyenthok maring rasané wong liya. Mulané omong-seomong banjur padha dejagani ngati-ati kon supayané aja nganti gawé gela maring sepadha-padha.

Piwulange kaki-nini buyut gedhé-ciliké wis molahi grépés, kalah karo ilmu-pengetahuan modern sing ngendelna ‘efisiensi’ lan tansah golét bathi seakéh-akéhé goli ngetokan modal sing seirit-irité. Ora ana istilah peseduluran maning, kabéh deétung nganggo bathi apa tuna. Akibaté akéh sing padha ninggal pitutur lan piwulang luhuré. Pog-pogané ‘keharmonisan’ neng masrakat ora patiya deprelokna maning. Pancén godhané wong urip jaman sekiyeé werna-werna, akibaté akéh sing padha golét dunya-brana nganggo cara sing ora bener. Menungsa degawe kon supayané butuh maring barang sing sebeneré ora debutuhna, nganti padha golét dalan werna-werna konsupayané duwé.

Muga-muga kahanan sing kaya kuwé ora kebanjur-banjur nganti tekan jaman anak-putuné inyong rika padha, Amin Yaa Robbal'alamin... 

Sepisan maning, inyong lan kanca pengurus Patikraja Guyub mung bisa kocap MATURNUWUN.


Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
*****

Tidak ada komentar:

Posting Komentar