Ana wong picek wengi-wengi ngéndhong njuran pamitan bali. Sing duwé umah préntah kon nggawa téplok nggo obor. Si tamu sing matané picek ora gelem nampa téploké merga dhéwéké rumangsa ora weruh, nggawa téploka ya percumah. Tujuané sing duwé umah préntah kon nggawa téplok jané konsupayané angger neng ndalan sing peteng papagan karo wong liya ora ngagét-ngagéti lan tubrukan. Merga depeksa, tamuné sing matané picek njuran gelem nggawa teploké.
Temenan, urung adoh goli mlaku, wong sing matané picek detabrak neng wong lia merga dalané pancén peteng “Mlaku pecicilan apa ora duwé mata?”. Merga rumangsa salah, sing nabrak meneng baén ora semaur apa-apa, klius nerusna mlakuné. Tembung ndilalah, nembé mlaku pirang jangkah wong picek mau detabrak maning neng wong séjéné. Sing detabrak ngumpa-umpa ”Apa ko picek ya? Apa ora ndeleng? Inyong goli nggawa teplok toli konsupayané ko bisa weruh inyong.” Sing detabrak ora trima dearani wong picek, njuran mangsuli ”Rika sing picek! Apa rika ora ngreti angger teploké ora murub?. Basan ngreti sing detabrak pancén wong picek, sing nabrak banjur njaluk ngapura. Sing detabrak uga gelem ngapurani lan nerusna mlakuné.
Pancén dasaré dalané peteng ndhedhet, ndilalah wong piceké detabrak maning neng wong séjéné. Ning wis ora jengkel malah takon maring sing nabrak apa téploké mati. Semana uga sing nabrak uga takon maring sing wong picek apa dhéwéké nggawa téplok.
Wong sekeloron meneng kabéh. Ndilalah kaya ana sing mréntah njur bareng-bareng takon ”Pangapurané apa rika wong ora weruh ?”. Wong sekeloron uga bareng-bareng njawab ”ya”. Jebulé wong loro padha piceké. Wong loro wengi-wengi neng petengan padha ngguyu cekakakan banjur padha nggoléti téploké sing tiba. Lagi padha gramakan nggoléti téplok, ana maning wong liwat méh baé nabrak wong loro mau. Wong sing nembé liwat mbatin ”Pancén angger mlaku mbengi kudu nggawa téplok, konsupayané bisa weruh dalan tur wong liya ya dadi weruh angger ana wong liwat.”
Sekang crita neng ndhuwur mau ana piwulang lamona “lampu téplok“ kuwé bisa gawé padhang, lan kewicaksanan urip. Tegesé wong urip kudu bisa gawé padhang lan kudu duwé kewicaksanan sing gedhé. Bisaha goli dadi menungsa nglindungi menungsa liané sekang kedadéan lan kahanan sing ora dekarepna.
Wong sing picek nomer siji perlambang watek kemlungkung, gumedhé, gampang jengkel, senengé nyalahena wong liya. Dhéwéké ora rumangsa jané akéh kekurangané. Ning merga olih pitulungan banjur ngrumangsani, bisa dadi wong sabar, ora gumedhé, lan dadi seneng awéh pangapura maring wong liya.
Sebanjuré, gambaran wong sing nabrak sepisan, kuwé nggambarna angger siki akéh wong sing padha ora preduli karo wong liya. Neng jaman siki akéh wong sing ngreti hukum ning uga nglanggar hukum. Jané ngreti korupsi kuwé salah ning tetep baé padha korupsi. Mula neng jaman siki akéh sarjana hukum lan para penegak hukum sing dekunjara merga nglakoni korupsi.
Wong sing nabrak kepindhoné nggambarna wong sing seneng cang-cung salahé wong liya. Padahal kabéh menungsa bisa kepanggonan salah. Engganua angger ana wong liya sing agi kepanggonan salah aja cokan maido. Salahé wong liya mestiné bisa dadi kacabenggala. Sapa sing gelem kepanggonan salah. Sapa sing gelem nguja-uja dadi wong picek. Mestiné wong sing agi ora weruh dalan detulungi neng wong sing weruh. Gelem padha tulung tinulungan lewih mulya tenumbang mung andon golét salahé wong liya.
Wong sing picek kepindhoné nggambarena, kepriwé arep awéh pitulungan maring wong liya wong dhéwéké baén ora weruh utawané ora ngreti. Mulané saben menungsa éngganua seurungé nyalahna wong liya jajal padha ndeleng githoké dhéwék disit. Aja padha rumangsa bener lan pintera dhéwék. Maling ora kecekel-kecekel pemrentahé sing dealak-alakena, jéré ora becus nyambut gawé. Basan kecekel nang luar negeri jéré wis ana kong-kong kalikong.
Wong sing liwat keri dhéwék nggambarna lamona menungsa kudu duwé kewicaksanan sing gédhé. Angger kepéngin uripé migunani maring wong liya kudu bisa jembar ati lan pikirané. Apamaning angger agi deprecaya makili rakyat aja mung mligi mikirna golongané. Aja padha mung senengé nyalahna pemrétah sing dadi mitrané. Sing agi deprecaya mimpin pemréntahan uga goli nyambutgawé sing temenanan. Kudu bisa gawé ukara sing sekirané kabéh rakyat padha bisa mélu ngrasekna kepenaké.
Ana unén-unén ”Sewu obor bisa murub sekang obor siji, lan obor sing nggo ngurubna ora bakal urubé dadi sudha”. Gotong royong, guyub rukun lan padha gelem bagén karo liyané ora bakal mérekna suda. Sapa sing gelem mbantu maring wong liya bakalé olih piwales sing lewih gedhé.
Angger mata ora nana sing nutupi dadiné weruh, kuping ora nana sing nyumpel dadiné krungu, cungur ora nana sing mithet dadiné bisa ngambung. Pikiran angger ora ana sing ngaling-alingi dadiné thukul kewicaksanaan. Mayuh goli nggolet pepadhang, blajar laku wicaksana aja mandeg konsupayané goli dadi menungsa bisa mampangati tumrap menungsa liyané.
Sri Indriyati, SPd*
Mulang neng SDN 1 Kedungwuluh, Kalimanah, Purbalingga
*****
Tidak ada komentar:
Posting Komentar