![]() | ||
Kolam nggon ciblonan karo plorodan. |
![]() | |
Arep numpak gajah ya bisa |
Obyek
Wisata Seruling Mas Banjarnegara kejaba duwe koleksi sawernane kewan,
uga wis duwe pasilitas kolam renang, water boom, dolanan bocah: sepur
mini, undar, ombak banyu, jaran puter lan liya-liyane. Kejaba kuwe sing
plesir bisa nunggang gajah, onta utawa jaran cilik. Ora mung kuwe, sing
ora kalah nyenengna kuwe para pengunjung bisa poto karo kewan. Nyenengi
pisan mbokan?
Kewan
sing sikile papat yakuwe macan, singa, gajah, jaran, menyawak, baya,
onta, jaran kidang lan sapanunggalane. Kewan sing ora nduwe sikil ya
ula.
Angger
arep poto karo gajah, ula, onta utawa karo jaran bae. Kuwe klebu kewan
sing lulut tur manutan. Arep foto jejeran utawa rangkulan ya ora apa
apa, malah sing maen foto karo nunggang gajah, onta utawa jaran. Angger
arep kepengin poto digubed ula ya bisa, dejamin aman sebab ana pawange.
Sing penting ngati-ati lan manut karo pawange. Mangga sedulur, tindak
bae plesir nang Serulingmas. Pokoke marem. (Giri P).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar