Patikraja Guyub
PATIKRAJA GUYUB

Wadah Lan Srana Silaturahim Kanca/Sedulur Desa PATIKRAJA

...SUGENG RAWUH LAN SUGENG PINARAK KANCA-SEDULUR...

Jumat, 20 Juli 2012

SILATURAHIM KAPING I

SILATURAHIM I PATIKRAJA GUYUB - 27 November 2011 (1 Syura 1945)

Acara kiyé mauné degagas nang kang Rooseno (Onez) liwat BBM (BlackBerry Messenger) ming inyong, yaiku ajék kanca/sedulur 'Grup BBM' mangan sroto bareng2 nang Sroto Eling-Eling, Tebet, Jaksel. Wektu semono kang Onez (jéré) agi ketiban rejeki, dadi kepéngin nraktir.

Ningén ngésuké pawarta kiyé 'berkembang', ana 'masukan' sekang mas Ari Agus, sing jéré kon ngundang kanca/sedulur Patikraja liyané, jalaran senjabané 'Grup BBM' kuwé égin akéh kanca/sedulur liya sing mbok jéré sapa kepéngin mélu rubungan, dopokan, nyruput sroto lan nyigit mendoan bareng-bareng. Turan mas Ari dhéwék ya gelem mélu urunan kanggo acarané kuwé. Akhiré rembugan wong telu, Inyong, kang Onez lan mas Ari kepriwé apiké.

Poging-ngepog, gelaran silaturahim akhiré kaleksanan, lha kiyé kanca/sedulur sing wis kersa rawuh :

01. Ari - Gongséng, Jaktim

02. Ugie - Manggarai, Jaksel

03. Mamung - Asrama Guntur, Manggarai, Jaksel

04. Teguh - Serpong

05. Yayo - Depok

06. Anto - Cilegon

07. Dedy - Serpong

08. Seno - Tangerang

09. Ramli - Petukangan Utara, Jaksel

10. Agung - Bekasi

11. Buyung - Tanjung Priok, Jakut

12. Wandi - Ujung Menteng, Jakpus

13. Cukat - Kalibata, Jaksel

14. Nanang - ?

15. Joko - Cipondok, Tangerang

16. Teguh - Tangerang

17. Yanto - Cilangkap

18. Driono - Poltangan

19. Purwadi - Pulogadung

20. Wied - Nomaden


Alhamdulillah... Nang acara silaturahim kuwé mau, sing tujuané murni silaturahim, akhiré kewetu wacana, lamona acara sing mblaketaket kayakiyé kepriwé nék de anakna rong wulan sepisan (?). Poging-ngepog, kabéh sedulur pada manthuk sing artiné pd akur lan setuju. Banjur akhiré, guyub-rukuné sedulur2 nang acara kuwé mau kebentuk kanti jeneng : "PATIKRAJA GUYUB" 



"P A T I K R A J A     G U Y U B"
 (27 November 2011 / 1 Syura 1945)

Ketua Umum : Rooseno (Seno)

Ketua : Agung Sutarto (Agung) Priyo Andi Gularso

Sekretaris : Widhiantoro (Wied)

Bendahara : Ari Agus Setiawan (Ari)

Humas :
- Iswandi (Wandi)
- Buyung (Enci)
- Udin

Seksi Kesenian : Pranowo (Wowo)

Seksi Olahraga : Ugie

Seksi Keamanan : Mamung

Anggota : Warga Desa Patikraja (+)


Jan bungah temenan rubungan karo kanca/sedulur sedésa, sing agi padha pakhal nang paran.
Muga2 Silaturahim 'Patikraja Guyub' bisa tetep kaleksanan kanti terus lan akéh manfa'atè, lan kanggo sedulur2 sing wingi urung kober rawuh, muga2 rongwulan maning bisa lan kersa rawuh, amin.

Karepé inyong, tambah akéh wargané, tambah gayeng, tambah buket lan tetep rukun. Nuwun.[Inyong]