Patikraja Guyub
PATIKRAJA GUYUB

Wadah Lan Srana Silaturahim Kanca/Sedulur Desa PATIKRAJA

...SUGENG RAWUH LAN SUGENG PINARAK KANCA-SEDULUR...

Rabu, 20 Februari 2013

MBLAKETAKET


Kaki Bawor tembé bali sekang kebonan mburi umah..

Jérémongé sih sekiyé lagi wektuné ndhangir tanduran uwi, gembili karo kenthang jembut utawa kenthang ireng. Mengko angger wis mangsané panénan, kira-kira wis méh mangsan rendheng, tanduran sing kelebu pala kependhem mau dedhudhuk, lumayan kena nggo ganjel weteng sedurungé panén pari nang sawah. 

Tekan émpéran umah, keton mbekayu Tébok lagi lumah-lumah nang lincak karo ngrungokaken radio sing agi siaran “Gudril Banyumasan” sekang radio swasta niaga. Nang méja cilik sandhing lincak, ana “sajén” rupa wédang clebek, mendhoan sing égin keton anget, godhogan kenthang jembut karo kacang brul , sing kabéh ésih ngebul.

“Hlah jan Tébok, mblaketaket temen sih.. karo léyéh-léyéh, samba médang karo pacitan sing pancén mathuk karo wédang sing deladekaken”, ujaré kaki Bawor karo mésem maring anakké wadon sing jéréné paling ayu sejagad. “Ramané wis balik, jérémongé arep mbongkar kenthang jembut, ning koh mung lémbéyan thok. Lha kudhi karo paculé deséléh ngendi..?”, takoné mbekayu Tébok sing weruh ramané wis ngadeg nang sandhingé karo nyilikaken swara radio sing mau swarané kencar-kencar seru.

“Pacul karo kudhi wis tek delah nang pedangan. Kiyé mau inyong malah wis resik-resik nang sumur belik pinggir sawah, sisan gawé ndeleng tanduran gedhang sing wis tek penclas jantungé, kena nggo lawuh”, kaki Bawor semaur karo njagong nang lincak sandhingé mbekayu Tébok sing wis tangi.

“Kembang gedhangé arep nggo lawuh, nganggo bumbu pecel apa sambel trasi ramané.. mengko tek gawékaken.” “Angger sing cocog tah kembang gedhang dethukaken karo kembang kecombrang, nganggo bumbu pecel. Lha nék ana karo goréngan témpé plenuk degoréng wuda, ora nganggo glepung, nggoréngé sing madan garing, anget-anget jan mblaketaket temenan”, kaki Bawor ngujari pesenané…

“Rika sih apa-apa mblaketaket. Ngrungokna gendhing Kembang Glépang utawa Gudril jérémongé mblaketaket. Médang clebek karo lawuh mendhoan, mblaketaket, dhahar karo kembang gedhang dethukaken karo kecombrang bumbu pecel, mblaketaket. Lha sing ora mblaketaket sing endi ramané..?”, mbekayu Tébok nyauri ramané karo ménjep, nganti lambéné méh gigal merga pancén ndobléh…

“Anakku sing paling ayu.. inyong karo ko padha tulih menungsa Banyumas.. getih karo balung ya sekang bumi Banyumas.. nginum banyu sekang tuké pegunungan nang Banyumas. Lha mblaketaket mbokan kuwé bahasa Banyumas sing tegesé énak pisan, éca, semringah, nylekamin, lan angger nurut Bondan Winarno sing tukang nyicipi kulinér kuwé bahasané “Mak Nyuss..”.
Apa inyong salah angger masakané anakku wadon sing pancén ayu, derasakaken jan énak temenan. Kuwé mbokan bahasa sekiyé mblaketaket”, kaki Bawor nerangaken pengalemen maring anakké wadon.

Klilan…

Tidak ada komentar:

Posting Komentar