Patikraja Guyub
PATIKRAJA GUYUB

Wadah Lan Srana Silaturahim Kanca/Sedulur Desa PATIKRAJA

...SUGENG RAWUH LAN SUGENG PINARAK KANCA-SEDULUR...

Selasa, 16 Juli 2013

WARA-WARA SISAN ULEM-ULEM GELARAN SILATURAHIM PATIKRAJA GUYUB-III (SPG-III)


Assalamu’alaikum Wr. Wb.


“SUGENG HANGAYAHI JEJIBAHAN SUCI SIAM RAMADHAN”

Sedulur PG sing tek tresnani… Alhamdulillah tekan sekiyé inyong lan pengurus PG, uga “tukang glidhig” sing degawé nang ndésa, sing tugasé ngréwangi kepreluan uba rampé kanggo suksésé acara “Silaturahim PG-III”, wis rembugan kanti mateng. Salah sijiné acara sing bakal degelar nang Silaturahim PG-III - tgl. 10 Agustus 2013, yaiku arep nyantuni utawa bagi2 zakat mal kanggo "Bocah Yatim-Piatu lan Kaum Lansia/Jompo" sing ana nang sekubengé Desa Patikraja. Inyong sekiyé wis olih data lamona nang Desa Patikraja, jumlah RW cacahé ana 10 (sepuluh), lan jumlah RT ana 30 (telungpuluh); Kuwé artiné, rata2 se’RW ana telung RT.

Hla gandhéngané karo jumlah RT/RW kuwé mau, yaiku bén inyong lan pengurus bisa mbagi2, kira2 arep ana pira bocah YATIM PIATU sing bakal nampa santunan sekang inyong lan rika kabéh “warga” PG.



Kayakiyé lur.....

Bab biaya kanggo acara Silaturahim PG-III, Alhamdulillah inyong lan pengurus wis nyiapna kabéh. Mung kayané koh kurang greng, angger acara sing bagus kiyé koh ora debarengi sisan karo kegiatan sosial... mula inyong lan pengurus akhiré sepakat nganakna/ngumpulna santunan kanggo sing prelu desantuni kuwé mau. Biaya kanggo santunan kuwé, sebeneré pengurus dhéwék uga wis nyiapna, ning blakasuta baé jumlahé ora patia akéh. Angger étungané saben RT mung wong siji thok sing desantuni, kuwé pengurus wis nyiapna danané.

Ning Angger kanca-sedulur PG koh kepéngin weruh ora mung wong siji thil (se’RT) sing “bungah” merga nampa santunan, mangga kanggo sedulur sing “ombér” lan duwé kelewihan rejeki, tur maning utamané kudu sing “IKHLAS”, mayuh acara "Silaturahim Patikraja Guyub-III lan Santunan Kanggo Yatim-Piatu lan Kaum Jompo" kiyé desengkuyung bareng2.. tambah akéh sing tresna lan ikhlas awéh santunan, mesti tambah akéh sing bisa desantuni. Insya Allah, rejekiné kanca-sedulur PG uga dadi tambah gangsar, amin…

Mangga lur sing tresna lan ikhlas kepéngin “partisipasi”, bisa langsung de transfer utawa detitipna maring nomer rékeningé “Tukang Uang” PG.

BCA : 273 146 0304 an. ARI AGUS SETIAWAN.

Sapa2 sing wis "nitip", mangga awéh kabar meng nomer: 085286317069 (Ari A.S), utawa meng inyong: 081333991911

Sing tek karepaken, partisipasi sekang kanca-sedulur PG, total jumlahé wis bisa tek umumna seminggu sedurungé bada/lebaran ; antarané tgl. 1 Agustus 2013. Muga bocah2 YATIM PIATU sing ana nang sekubengé Desa Patikraja téyéng mélu ngrasakna “BUNGAH” anané gelaran "SILATURAHIM PATIKRAJA GUYUB-III" kiyé, amin…


Mangga kanggo kabéh "warga" PG, tek aturi rawuh silaturahim sisan nekséni santunan dana sekang panjenengan kanggo bocah2 yatim-piatu.


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Ulem-ulem uga bisa delongok nang: kene

3 komentar:

  1. Siiip wa....wis tek posting juga neng Patikraja New's

    BalasHapus
    Balasan
    1. Siiip.. maturnuwun kang Sukarno, wis kersa nerusaken kabar apik. :)

      Hapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus