Patikraja Guyub
PATIKRAJA GUYUB

Wadah Lan Srana Silaturahim Kanca/Sedulur Desa PATIKRAJA

...SUGENG RAWUH LAN SUGENG PINARAK KANCA-SEDULUR...

Senin, 15 April 2013

PASAR WAGE

Kayané wong Banyumas tau wawuh lan tau maring Pasar Wagé.


Pasar Wagé manggon nang pinggir dalan raya Jendral Sudirman sisih wétan. Jaman gemiyén, pasar Wagé diliwati dalan sepur Purwokerto-Purbalingga-Wonosobo. Ning mulai tahun 1970-an, dalan sepur kuwé wis ora aktif, ora dioperasikan maning. Malah saiki dalan sepuré wis diurug, ngo pelebaran jalan Sudirman.

Pasar Wagé dadi pasar kebanggaané warga Banyumas.
Mergané, rata-rata warga Banyumas ngendelaken distribusi sandhang lan pangan sekang pasar mau. Warga Kab Banyumas, Purbalingga, Cilacap, Banjar¬negara, Wonosobo, Brebes, Tegal lan liyané maning, akéh sing kulakan barang utawa dodol barang liwat Pasar Wagé.

Nyata, pancén nyata, kawit gemiyén nganti jaman sekiyé nang kota Purwokerto ana 4 kelurahan sing nganggo jeneng Purwokerto, yakuwé, Purwokerto Wetan, Purwokerto Kulon, Purwokerto lor lan Purwokerto kidul. Panjer sekang 4 kelurahan kuwé anané nang Pasar Wagé. Sekang kenyataan mau, ndéyan gemiyén 4 kelurahan kuwé mau mung sekelurahan.
Gandhéng wilayahé sing amba banget, terus dipecah dadi 4, Apamaning nang kelurahan Purwokerto gemiyén dadi punjeré Kadipatén Banyumas sing jéré panggonané ora adoh karo pasar wagé sisih lor.

“Kaki Mad Rusdi, rika ngerti apa ora.. kapan Pasar Wage didegaken..?” takoné Kaki Bawor maring Mad Rusdi, pensiunan pulisi sing umuré sekiyé lewih 80-an tahun.

“Sengertiné inyong, kayané wektu didegaken dadi Pasar Wagé, isih cilik wujud pasar désa. Sing méh padha karo pasar wagé yakuwé pasar Manis, pasar Paing, Pasar Pon lan Pasar Kliwon. Nanging gandhéng Pasar Wagé panggonané nang tengah kota tur pérek banget karo ndalem Kadipatén, dadiné pasar kuwé lewih cepet maju lan ngrem¬baka” ujaré Mad Rusdi karo ngémut-émut jaman gemiyén.


Mergané tekané bangsa Cina sing pinter dagang lan bangsa Landa sing dadi penguwasa. Lewih maju maning pasar Wagé papané nang tengah kota, tenimbang pasar séjén sing isih nang ndésa adoh kota. Kanggo ngumpliti ketekané bangsa Cina nang Pasar Wagé, wong-wong Cina utawa Tionghoa padha nggawé panggonan ibadah utawa klenthéng sing dunungé nganti sekiyé ora adoh (malah mépét) karo pasar Wagé. Jaman gemiyén wektu isih durug akéh mobil, wong dodolan nggawa dagangan maring Pasar Wagé nganggo grobag sapi, dhokar utawa bécak. Koplak dhokar karo grobag sapi, anané nang mburi pasar, utawa sisih lor pasar pérek klenthéng. Déné pedagang sing sekang Purbalingga, Banjarnegara, Wonosobo nganggo sepur. Nang Pasar Wagé ana setapsiun cilik nggo pranti mandheg sepur, nggawa hasil bumi, kerajinan utama peternakan.

“Inyong ora patiya paham, kapan Pasar Wagé didegaken. Amargané, kawit inyong mrocot, kayané pancén wis ana Pasar Wagé. Nanging mbok menawa mulai Kota Kadipatén Ajibarang pindhah maring Purwokerto. Amargané, jaman gemiyén, jéréné para sepuh, pendapa kadipatén Ajibarang nang sisih lore Pasar Wagé, Jenengé Kejawar”, jéré Kaki Mad Rusdi sing tau dadi Polisi Negara nang Purwokerto, maring kaki Bawor.



Cethané, Pasar Wagé Purwokerto dadi urat nadiné perekonomian kota Purwokerto lan Kab Banyumas. Umumé kanggo pusat distribusi sandhang, pangan lan perekonomian Banyumas sekukubané… Klilan…

HADIAH SEKANG MERTUA

Mbok Dakem duwe mantu ana telu jumlaeh sing pertama Daplun, sing keloro Kemplu sing ketelu Kucluk. Sing jenenge Mbok Dakem kuwe wonge sugih banget tapi crewete ora nguati turmaning wonge galak mbebeih lah.

Ceritane Mbok Dakem kuwe pengin ngerti kaya apa sih gedene katresnan mantu-mantune marang deweke. Singkat ceritane, Mbok Dakem ngajak keluargane Daplun dolan maring Pantai Teluk Penyu Cilacap termasuk si Daplun. Pas lagi numpak perahu arep nyebrang nang Nusakambangan, ujug-ujug Mbok Dakem mlumpat maring laut. Weruh kaya kuwe Daplun langsung bae terjun meng laut nulungi Mbok Dakem.
Mbarang esuk-esuk pas Daplun arep metu sekang ngumah deweke kaget banget ana mobil TOYOTA KIJANG INNOVA parkir nang ngarep umaeh. Nang nggon kaca ana kertas sing tulisane "Hadiah sekang Mertua Wadonmu nggo Daplun Mantu sing Baik Hati," olih hadiah kaya kuwe si Daplun cerita karo Kemplu.

Minggu ngarepe, Mbok Dakem giliran ngajak dolan keluargane Kemplu nang Pantai Ayah Kebumen. Kedadiane kaya ganu maning, pas numpak perahu Mbok Dakem mlumpat meng laut.
Weruh kaya kuwe giliran Kemplu kemutan ceritane Daplun deweke langsung bae mlumpat nulungi.

“Jan maturnuwun banget ya Gel, gara-gara nulungi mamake dompet karo HPmu dadi teles," omonge Mbok Dakem.

"Ora papa, daripada mamake sing mati nang laut dipangan yuyu, dompet karo HPku teles ya ora papa," gantian Kemplu nyahuti.

Mbarang esuk-esuk pas Kemplu arep metu sekang ngumah deweke kaget banget ana mobil Honda CRV parkir nang ngarep umaeh.
Nang nggon kaca ana kertas sing tulisane "Hadiah sekang Mertua Wadonmu nggo Kemplu Mantu sing Baik Hati".

Pas minggu ngarepe giliran Kucluk sing disengi dolan meng Bendung Gerak Serayu.
Pas agi numpak perahu nang tengah-tengah kali Mbok Dakem pura-pura kecebur meng kali.
Tapi jebul si Kucluk malah meneng bae ora arep nulungi malahan ngomong kaya kiye:

"Rasakna mati kewaregen banyu ngonoh, ujar-ujare ora bosen apa domong terus, dasar mertua crewet", Si Kucluk ngromed karo ndayung perahu ninggalna mertuane keblebeken banyu mati nang kali. 

Mbarang esuk-esuk pas Kucluk arep melu meng acara pemakaman mertuane, ujug-ujug ana wong sekang diler nganter mobil apik pisan mobile Mercedes-Benz Model Sedan kupe CL550 MATIC metuan paling anyar. Mbarang kaya kuwe sing nganter mobil aweh surat isine:

"Kiye hadiah sekang mertua lanang mu, maturnuwun ya, inyong ya wis bosen karo nini-nini crewet,"(*)


By : djwo, 16-04-2013