Patikraja Guyub
PATIKRAJA GUYUB

Wadah Lan Srana Silaturahim Kanca/Sedulur Desa PATIKRAJA

...SUGENG RAWUH LAN SUGENG PINARAK KANCA-SEDULUR...

Senin, 15 Oktober 2012

KUMPULE BALUNG PISAH (Real Story)


Sedulur... kiye nyong agep crita kedaden nyata (Real Story), yaiku anane kang Slamet (46) sing agi ‘gotak’ nggoleti Rama-Biyung lan mbekayu kandhunge sing “jere” asal-usule sekang Desa Patikraja.

Critane tek molaih sekang kene :

01/10/2012 – 18:51 - nyong nampa layang nang hape (SMS) sekang sedulur lanang Kakang Muhamamad Koderi, sing isine :
“Assalamu’alaikum. Bpk M Koderi YTH, maaf menggangu. Saya Slamet (46) sdg mencari kakak kandung saya yg bernama Rinti & Ribut, suaminya polisi serta Ibu kandung yg bernama Minah/Aminah, Ayah bernama Raswan dari Patikraja, semoga Pak Koderi ada informasi keberadaan mereka, krn saya di adopsi keluarga lain sejak kecil.”
Kuwe SMS asli sekang kang Slamet kanggo kang Koderi, sing terus de “forward” utawa deterusna ming nyong.
- Kang SLAMET -

Sewise nampa SMS ndhuwur kuwe, reaksine nyong jan tertantang pisan kepengin ngrewangi sekuate nyong, kepriwe carane kang Slamet bisa ketemu karo keluargane. Jalaran siki jamane wis maju pisan, internet wis dudu barang asing, komunikasi wis ora glandhat-glandhet, jejaring sosial wis mlarah2, masa iya ora bisa de manfaatna kanti bener..  Lha sekang kuwe, SMS-e tek “copy-paste” meng BBM Grup “Patikraja Guyub”, mbok sinawa kanca-sedulur sing pada2 asale sekang Patikraja ana sing ‘dhenger’ utawa ngerti kahanan lan keberadaan keluargane kang Slamet. Alhamdulillah, nang BBM Grup kayong onana sing ngerti, kayane merga rata2 anu generasi nom2an lan rata2 uripe nang paran, eh kuwe tek deleng sekang ‘respon’-e sing kurang olih tanggapan.. :)

Ora kurang dalan, kebeneran nyong ya gawe Grup “Patikraja Guyub” nang jejaring sosial sing arane Facebook ( https://www.facebook.com/groups/patikrajaguyub/ ) . Nang kene SMS kuwe ya tek wara2 maning.. Angger nang kene kayong lewih yakin akeh sing ‘respon’ utawa nanggapi, jalaran ‘member’ nang grup kene meh kanca-sedulur se-Patikraja, utamane sing duwe akun nang FB.

 

 


 


 
 

O iya ana sing kelalen.. SMS kuwe ya tek “forward” maring kang Pramoko (Papanx), kang Gatot Winarko (Gatot) lan kang Ganifudin Suhada (Gani). Wong 3 kiye ya banene serius pisan gole nanggapi lan siap ngrewangi nemokna kang Slamet karo keluargane.

Nyong ya nganti gawe tulisan kaya pamflet, njaluk tulung Titi Yuniasih lan kanca2 liya, nek bisa pamflet kuwe de “print”, terus de templek2na meng Kantor Kelurahan sing ana nang Kecamatan Patikraja. Masa iya esih tetep ora “kecendhak”. Jalaran informasi sekang ndesa, wis tau ana lapuran kayakiye, dudu sekang kang Slamet langsung, ning sekang utusane kang M Koderi mendeng ming Kantor Kelurahan Desa Patikraja, nakokna keberadaan keluargane. Wektu kuwe ana 3 Kadus sing wis njajal nggoleti, ning urung ketemu.


02/10/2012 – 15:37 - Inyong SMS kang M Koderi sing isine njaluk nomer hape’ne kang Slamet. Alhamdulillah langsung olih, lan kang Slamet langsung bae tek tlepun. Lha nang kono kang Slamet ya crita kawit awal mula-bukane “pisahan” karo Rama-Biyunge. Inyong ya kaya pulisi bae gole takon2, kira2 arep molaih sekang ngendi kiye gole nggoleti... J Nyong ya njaluk tulung ming kang Slamet, pokoke angger ana info “update” apa bae ngenani keluargane, aja kelalen ngabari nyong.

Let telung ndinane...

05/10/2012 – 16:52 – Pas nyong nembe jrud mudun sekang ojek nang stasiun Pasar Senen (jadwale arep bali ndesa), ana SMS mlebu sekang kang Slamet: “Mas Baldy, terima kasih banyak. Saya sdh dipertemukan dgn keluarga saya melalui mas Heri Kas”.
Jan temenan nyong bungah ning ya madan bingung... Bungahe, ya syukur pisan angger bisa ketemu temenan, 46 taun koooh... Bingunge, deneng ujug2 ngerti Heri Kas..? ujaku kawit wingi tlepun2an karo nyong ora tau nyebut2 jeneng Heri..? deneng ujug2 ana jeneng Heri methungul...?

Tinimbang penasaran, langsung bae kang Heri Kas dhisit sing tek tlepun. Sing tek takokna, kepriwe bisa terhubung karo kang Slamet..? kang Slamet olih nomermu sekang ngendi..? Ora tek kira ora tek duga, cempulek kang Slamet pancen temenan gole kepengin ketemu karo keluargane, dadi nganti “koreh2” nang nggone ‘mbah google’,  golet informasi apa bae sing ana hubungane karo Patikraja. Miturut kang Heri Kas, nang kono kang Slamet nemu BLOG “Patikraja Guyub” gaweane nyong, sing kebeneran nyong tau nulis bab gelaran “Silaturahim Patikraja Guyub” kaping II, termasuk tek tulis daftar kanca-sedulur kabeh (alamat lan nomer telpune) sing wis kersa rawuh nang gelaran kuwe mau (http://patikraja-guyub.blogspot.com/2012/08/daftar-hadir-spg-ii.html ). 
 
 

 Kang Heri crita, lamona bar nampa SMS sekang kang Slamet, trs usaha takon maring Biyunge dhewek, sing kebeneran ya asamane Ibu Minah.. Kasile maen pisan, Ibu Minah (Ibune kang Heri) ngerti pisan sapa-sapa bae sing duwe asma “Minah” nang Patikraja. Ngetutna ‘petunjuk’ sekang Ibune, kang Heri jajal mbledig maring arah kolom wetan (RW.VI), ora sia2..akhire kang Heri bisa nemokna tunggale keluarga sekang kang Pak Raswan lan Ibu Uminah. Sing de temoni kuwe Ibu Jaemah, yaiku adi kandhunge Pak Raswan, sing artine Bibi utawa Bulike kang Slamet.

Bar tlepun kang Heri, nyong ya tlepun kang Slamet, olih info sing pada persis kaya sing wis decritakna kang Heri ming nyong. Kang Slamet uga crita lamona minggu ngarepe (sekitar tgl.12 oktober) arep tindak ming acara pameran nang Semarang (kebeneran sikine kang Slamet dadi pengusaha/pengrajin tembaga sukses, nerusna usahane Bapa angkate), ningen sedurunge tindak Semarang arep merlokna mampir maring Patikraja, perlune nemoni Bibi lan kerabat liyane.

Sekang blog Patikraja Guyub kuwe kang Slamet jajal ‘ngontek’ liwat SMS maring nomer2 hape sing ketulis nang daftar hadir, termasuk SMS maring kang Iip lan kang Heri Kas. 

  - Akun Facebook-e kang Slamet -


13/10/2012 – antarane jam 22.00 – Nang Lapangan Desa patikraja agi ana acara Offroad sekang Banyumas Jeep Adventures; “Uji Coba Cross Road Gunung Tugel – Patikraja” (https://www.facebook.com/media/set/?set=a.419868391407914.98663.100001542706760&type=1 ). Nang kene nyong kepethuk karo kang Iip, ngabari lamona wingi dina Jemuah kang Slamet wis ketemu karo keluargane. Rawuh pertamane kang Slamet langsung meng griyane kang Iip. Pancen sedurunge nyong wis crita maring kang Iip bab kisah nang ndhuwur kuwe. Kang Iip antusias lan semangat pisan gole arep mbantu, jalaran sing asma Ibu Jaemah kuwe egin sedulur.

Crita sekang kang Arif Wibowo (IIP), 12/10/2012, antarane jam 4 gagat esuk kang Slamet rawuh ming griyane kang Iip (pojok kidul-wetan lapangan desa). Sekang kono, kang Slamet de jek sowan ming griyane kang Heri “Kas”, banjur bareng2 nuju maring griyane Ibu Jaemah/Ma’un (adi kandunge wong tuwane kang Slamet). Lha bareng butul griyane Ibu Jaemah/Ma’un, rika pada bisa mbayangna mbok lur.. Ingatase 46 taun ora tau kepethuk, dadi pada nggembor tangis2an.. ngasi kang Iip bae ora kewawa nahan luhe, melu netes mrebes mili... *gambreng Mode: ON”.
Nang kono pada crita, lamona kang Slamet kuwe bener anakke Ibu Uminah sing nomer 3, duwe mbekayu sing asmane Rinti karo Ribut alias Budiarti. Nalika kang Slamet umur 5ng taun, kang Slamet de adopsi nang keluarga sing asale sekang Yogyakarta, ning ngranto nang Jakarta. Kawit molaih kang kono, kang Slamet ya babar pisan ora ngerti sapa Rama lan Biyung asline, ngasi butul siki kang Slamet yuswane wis 46 taun nembe de wei ngerti karo Bapa angkate, lamona Rama-Biyunge kuwe asline lan asale sekang Desa Patikraja (kolom wetan)

 - Fotone kang Slamet karo mbekayu kandhunge, yu Rinti / Ririn (ketemuan) -


- Fotone Pak Raswan (alm.), ayah kandunge kang Slamet -

 Alhamdulillah sesuatu banged.... kayong bungah pisan pokoke, ora sia2 gole niat tulung, ora sia2 nggawe blog (blajaran), ora sia2 guyub karo kanca-sedulur... Gusti Allah ora sare, berkat donga kanca-sedulur Patikraja Guyub, akhire kang Slamet wis bisa kepethuk karo keluarga besare, termasuk mbekayu kandunge.. mung kerna kersaning Gusti Allah, kang Slamet ora menangi maning sugenge Rama lan Biyunge.. Muga Pak Raswan (alm.) lan Ibu Uminah (almh.) uga bungah nang suwarga ngkana, weruh anak kandungelan sedulur2e  akhire pada ketemu bungah lan sumringah, Amin...
  
 - Grup Facebook "PATIKRAJA GUYUB", Guyube kanca-sedulur Patikraja -

*****

6 komentar:

  1. Kang Baldy, aku ya mrebes mili pisan kiye Kang. Ya bungah, ya pokoke metu ulueh mataku lah. Ya salam nggo kang Slamet karo mbokayu Rinti. Muga-muga terus bisa ketemu nang surga mengko, karo awake dewek kabeh. Crita nang kana, gawe blog mbireng, mbok nang surga ana sing nggoleti dulur....Alhamdulillaah Kang. Muga-muga berkah, aamien

    BalasHapus
    Balasan
    1. Kang Harun, maturnuwun wis kersa mampir lan maca kisah sing nlangsani, ning nyenengi pisan éndingé.. Angger tek pikir2 dadi kaya acara tivi jaman gemiyén; tali kasih apa ya, kelalén... :)

      Amin.. maén pisan dongané, muga Gusti Allah nyembadani.
      Sepisan maning, Amin Yaa Robbal'alamin...

      Salam sehat,

      Hapus
  2. Balasan
    1. Kang Imam Maskur, maturnuwun wis kersa mampir lan awéh "support".

      Salam sehat...

      Hapus
  3. njajal dilebokna TRANS TV neng acara TERMEHEK-MEHEK mas

    BalasHapus
    Balasan
    1. Mas Arif, angger termehek-mehek mbokan acara "nggoleti".. angger wis ketemu kaya kisah ndhuwur kuwe pas'e acara apa yah..? :)

      Kesuwun wis mampir, salam sehat...

      Hapus